Postingan

Tembang Macapat

Ana sing ngerti tembang macapat kuwi apa? Utawa ana sing uwis tau krungu tembang macapat? Tembang macapat kuwi sawijining tembang kang urip lan ngrembaka ana ing Tanah Jawa. Macapat ditegesi maca kanthi wirama tembang. Dene tembang macapat iku minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar. Panjlentrehan kang luwih cetha ana ing ngisor iki yaiku: Pangertening Tembang Macapat Tembung ‘tembang’ iku kalebu basa ngoko, dene basa kramane tembang yaiku ‘sekar’. Tembang utawa sekar kuwi asil saka basa kang edi uga endah lan wujude arupa reroncenan tetembungan kang kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu. Tembang utawa kagunan seni iku akeh jinise. Dene tembang macapat kalebu salah siji saka bagiane yaiku tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik. Adhedhasar buku Mardawalagu, kang karipta dening Raden Ngabehi Ranggawarsita, dijlentrehake sebabe diarani tembang macapat yaiku amarga: Wacan kapisan ana tembang gedhe Wacan kapindho uga ana tembang gedhe
Postingan terbaru