Langsung ke konten utama

Tembang Macapat


Ana sing ngerti tembang macapat kuwi apa? Utawa ana sing uwis tau krungu tembang macapat? Tembang macapat kuwi sawijining tembang kang urip lan ngrembaka ana ing Tanah Jawa. Macapat ditegesi maca kanthi wirama tembang. Dene tembang macapat iku minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar. Panjlentrehan kang luwih cetha ana ing ngisor iki yaiku:

Pangertening Tembang Macapat

Tembung ‘tembang’ iku kalebu basa ngoko, dene basa kramane tembang yaiku ‘sekar’. Tembang utawa sekar kuwi asil saka basa kang edi uga endah lan wujude arupa reroncenan tetembungan kang kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu. Tembang utawa kagunan seni iku akeh jinise. Dene tembang macapat kalebu salah siji saka bagiane yaiku tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik. Adhedhasar buku Mardawalagu, kang karipta dening Raden Ngabehi Ranggawarsita, dijlentrehake sebabe diarani tembang macapat yaiku amarga:

  • Wacan kapisan ana tembang gedhe
  • Wacan kapindho uga ana tembang gedhe
  • Wacan katelu ana tembang tengahan
  • Wacan kapapat ana tembang alit

Wacan kasebut menawa diujarake kanthi urut yaiku maca salagu, maca rolagu, maca trilagu, maca patlagu. Dadi maca patlagu sing ana tembang alit tekan saiki luwih kawentar kanthi jeneng ‘Tembang Macapat’. Dene tembang kinanthi iku asale saka tembung ‘kanthi’ kang duweni teges nggandheng utawa nuntun. Watake tembang kinanthi yaiku kamulyan, patuladhan kang becik, lan katresnan.

Jinise Tembang Macapat
Tembang macapat iku jinise ana 11 yaiku: Mijil, Maskumambang, Pangkur, Asmaradana, Pocung, Sinom, Megatruh, Kinanthi, Gambuh, Durma.

Paugerane Tembang Macapat
Saben tembang macapat iku kaiket dening paugeran yaiku:
  • Guru gatra yaiku cacahing larik/gatra saben sapada
  • Guru wilangan yaiku cacahing wanda utawa kecap/ucap (suku kata) saben sagatra utawa salarik
  • Guru lagu yaiku dhong-dhing utawa tibaning swara (aksara urip) ing pungkasaning gatra
  • Pupuh yaiku kedadean saka pirang-pirang pada, miturut dawa lan cendhaking tembang kasebut.
  • Pada yaiku cacahing larik saben satembang.

Cara Njupuk Pitutur ing Tembang
Saben tembang iku tamtu ngandhut pitutur luhur kang pantes didadekake patuladhan. Dene njupuk pitutur kang ana ing tembang iku butuhake cara. Cara kanggo njupuk pitutur luhur kang ana ing tembang yaiku:
  1. Maca tembang kanthi temenan
  2. Goleki tetembungan kang angel
  3. Negesi tembung kang angel kanthi cara buka kamus jawa utawa bausastra
  4. Maca tembang kanthi premati lan ngronce teges saka tembung kang angel mau
  5. Yen wis ngerti isine tembang, mengko bisa nemokake pitutur luhur kang ana ing kono.

Cara Nganggit Tembang
Carane nganggit tembang macapat yaiku kaya ing ngisor iki:
  1. Nemtokake underaning tembang utawa tema.
  2. Gawe reroncening kedadeyan adhedhasar tema kang kopilih.
  3. Tulisen kumpulaning tetembungan kang ana ing reroncening kedadeyan sing kogawe.
  4. Banjur tulisna paugeran tembang (guru gatra, wilangan, lan lagu)
  5. Tatanen tetembungan kuwi mau manut kekarepanmu sarta kudu jumbuh karo paugerane.


Tuladha Tembang Kinanthi:




Tuladha Analisis Tembang Kinanthi:

Kinanthi

5   6     6    6      6      1   2    2
U  pa  ma  ne  wong  lu ma ku,                        8 wanda
 .        .     .      .              .
2        2    1     1       6   61   5    6
Mar  ga   ga  wat  den   li   wa  ti,                      8 wanda
                  .     .       .     .      .      .
 5     6       1     1      1    1     1     61
La  mun  ku  rang  ing  pa  nga  rah,                8 wanda

 5    5     5   5    5      2     32   1
Sa  yek  ti  ka  ren  dhet  ing  ri,                          8 wanda

1    2   3    5   5        5       5      5
A  pe  se  ka  san  dhung  pa  dhas,                     8 wanda

 3     2      2       2     2    32    3     5
Ba  bak  bun  dhas  a     ne   ma  hi.                        8 wanda


Tembang kinanthi ing dhuwur bisa dicritakake kaya mangkene:

Upamane wong lumaku,            : “saupama wong mlaku”
Marga gawat den liwati,             : “dalan bebaya kang diliwati”
Lamun kurang ing pangarah,    : “yen kurang ngati-ati”
Sayekti karendhet ing ri,            : “bisa kena eri (pepalang)”
Apese kasandhung padhas,       : “apese yen kesandhung watu”
Babak bundhas anemahi.          : “pungkasane kelara-lara”

Pitutur luhur kang kaandhut ing tembang kasebut yaiku :

Tansah ngati-ati marang tumindak kang arep dilakoni, yen ora ngati-ati mengko bisa cilaka.

Komentar

  1. Sangat bermanfaat sekali kak ilmunya, terima kasih ^^

    BalasHapus
  2. maturnuwun mbak saged diagem mucal nembang jawa 👍

    BalasHapus
  3. Materinya bagus kak untuk yg ingin belajar tembang jawa

    BalasHapus
  4. Materinya lengkap, bisa dijadikan bahan ajar materi tembang macapat untuk siswa SMP maupun SMA

    BalasHapus
  5. makasih kak, sangat bermanfaat buat materi ajar bahasa Jawa (y)

    BalasHapus
  6. Matur nuwun Mbak, lengkap sekali 😊

    BalasHapus
  7. Keren kak ��

    BalasHapus
  8. Ini mellody nur anissa

    BalasHapus

Posting Komentar